Sabrank Suparno
Sak marine kemanten lanang budal nang omae kemanten wedhok, sak durunge kemanten karone di temokno, pepaes diperlokno, gae mbraeni kemanten lanang disek. Kemanten lanang seng wes yo ancene necis teko omah, perlu di braeni maneh, supoyo serasi karo braine kemanten wedhok. Sak jerone tamu kemanten iku biasane kemanten lanang lan kemanten wedhok di braeni macak rojo lan ratu. Iku minongko gambarno ketemu karone seng kate urip rumah tangga ,diumpamakno koyok senenge rojo nalikane ketemu jodoh lan bojone seng bakal siap ngancani urip salawase. Sak jerone orep iku bakal nemoni seneng lan susah. Nanging sak jerone kemanten ketemu iku gak digambarno susae urep, kejobo mek senenge thok.
Mulo, digawe gambarno kahanan seng koyok ngunuiku, seneng seng gak karu-karuan iku, dilambangno karo rojo lan ratu. Mestiae seng diarani kemanten iku mesti senenge. Sebab kemanten anyar iku gak minongko kemantene thok seng anyar, urip yo ngalami owah-owahe lakon seng anyar.
Sak jerone urip iki ono telu lakone urip seng diarani ngleboni ndunyo anyar. Tegese ngliwati babakan urip lan panguripan seng ancene bedo karo urip sak durunge. Telu lakon urip anyar iku: 1. Nalikane lahir. Lahir iku di arani manungso ngleboni urip anyar, mergo teko alam kandungan guo garbane ibune, ganti metu nang alam padhang, alam wadak, alam kasunyatan. 2. Naliko wong iku dadi kemanten, dadi kemanten yo kenek diarani mlebu nang urip seng anyar. Lek sak durunge dadi kemanten, urip dilakoni ijen , tapi lek mari rabi utowo dadi kemanten, urip dilakoni wong loro. Nanging seng diarani kemanten mlebu uripe anyar iku, kudu wong seng gorong tau dadi kemanten babar pisan, ateges jek kaet rabi. Rabi seng kawitan iku, ibarate, ketemune joko loroh, kepethuk perawan kathuk-en. Ateges sak marine dadi kemanten wong loro iku podo karepe, yoiku gak metu-metu teko njero kamar. 3. Naliko wong iku mati. Wong mati yo diarani mlebu panguripan anyar, gantine urip seng nduk alam padang, ngaleh nang alam barzah.
Roropangkon iku, crito, seng ngoncek’i artine wong urip nduk alam ndunyo iki ket durung dadi jabang bayi sampek tumekane pati. Crito iku sanepan-sanepan seng digambarno karo barang grabahan, utowo barang liyane seng onok gandengcelenge karo alate urip sak bendino. Crito Roropangkon iku, kusus di udal lek pas acara temu manten. Emboh crito iku mek di woco thok, utowo digawe lakone ludruk lan wayangan. Seng diarani bubak kawak iku yo katot nduk njerone crito ngudal Roropangkon iku. Bubak kawak iku iso di ongkar ceritane masio pas duduk acara Roropangkon. Misale pas ngujubno kenduren kajatan. Lha bedone karo Roropangkon, bubak kawak iku gak nyritakno masalah ketemune kemanten.
Sak marine kemanten di temokno, penganten di lungguhno kuwade, semunu ugo, poro pengiring podho lungguh kursi dewe-dewe. Tapi pengiring kemanten lanang seng gendong jago-jagoan, jek klewar-kliwer goleki wong seng bakal nrimo jago-jagoan iku. Wong seng nrimo jagoan iku kudu wakile teko keluargo kemanten wedhok.
Sak durunge adol tinuku, takon pitakonan antarane seng gendong petek jago karo seng bakal nrimo pitik jago. Ono suworo gak ono rupo teko awing-awang.
“Assalamu’alaikum,.. Tejo-tejo sulaksono-tejone wong anyar katon- Ilang tejane cumlorot sak sodo lanang-jumbleger kari manungsane”. Manungso anyar katon, yoiku tekone kemanten lanang, seng digambarno pitik jago digendong. Wong seng nggendong pitek iku terus ditakoni karo wong seng bakal nrimo petek.
A : Gak ono udan, gak ono angin, yo gak ono lamate wisik, kok kadungaren janur gunung gebyake segoro kidul. Gak layak kaet isuk kok ono prenjak ganter burine omah. Tibak’e ono dayoh seng gowo petek jago. Nuwun sewu pawongan, aku melok takon, sopo jenengmu? Soko endi sangkan paran dumadimu? Ono parigawe opo koen kliwar-kliwer nduk pakarangan kaki danyang-nyai danyang kene?
B : Oh, enggeh, dipun tepangaken namikulo “Slamet”, yugane Pak Cukup lan Mbok Turah. Tegese, kulo niki tiyang seng kepingin Slamet ndunyo akhirat, ibarate sak tibo-tiboe jek nemu blahi slamet. Kulo niki tiyang seng cukup. Cukup seng di sandang lan dipangan sampek torah-turah. Kulo satrio saking tlatah suroloyo adi linuweh. Tegese : suro = wani, loyo = pati, adi = mergo becik, linuweh samu barangkalire. Kulo teko wonten mriki, enten perlu madosi griyane mbok Rondo seng gadah pitek putrid, aran Sekarjoyomulyo. Seng gorong rontok sari patine.
A : Oo….lanek ngoten mapan keleresan, nggeh mriki griyane.
B : Balek kulo takon ten sampean, aran sampean niku sinten lan saking pundi papan panggonan sampean?
A : Kulo niki seng jenenge Darmo Julek. Saking tlatah Karang Kadempel. Darmo tegese temen, julek : duto utowo utusan. Kulo niki kongkonan saking Karang Kadempel, utowo unek-uneke ati, minongko wakile pikiran lan roso sak jerone awak sak kujur. Balik kulo takon! adoh saking Suroloyo Adi Linuweh dateng Karang Kadempel mriki, nopo sampean wau mboten kendel?
B : Kulo kendel ten Kuto Mesir, nggeh griyo niki seng kulo ser.
A : Saking Suroloyo Adi Linuweh dumugi wonten mriki wau, sampean liwat pundhi dek?
B : Kulo liwat lurung tengah. Kiwo tengen Karang Kitri, tumpakane jaran napas. Lurung tengah jlentrane: akal, seng mesti bender kerjoe, akal yoiku megap-megape swasono, antarane pikiran tengen lan utek kiwo. Akal iku gak wujud rupo, nanging wujud bender seng nyoto. Lha akal iku mlebu nang sirah panggonanae pikiran. Mestiae sak durunge mlebu sirah ngliwati selo-selane, gang-gangane rambut seng di umpamakno tanduran Karang Kitri. Lah tumpaan jaran napas jlentere liwat irung, utowo ambek’an. Olehe aku iso mikir tur nemokno bendere akal iku mergo aku jek nduwe ambek’an utowo jek orep.
A : Lha seng sampean gowo iku opo?
(pethek jago iku dumadaan kruruk karo nggebyak-nggebyakno suwiwine. Bak….bak…..bak………..kukukluuruuuuukk.
B : Seng kulo gowo niki pitek jago, seng arane Sawung Seto Wono. Sawung = jago, seto = putih, wono = alas, artine petek jago seng blakrak’an sobo panggonan seng becik.
A : Lah condrone pitek jago sampean niku nopo mawon?
B : Pancene petek jago kulo niki mboten baen-baen. Duduk sembarang umume jago.
Ndase jago niki jenenge : cepuk emas tunggul nogo
Cucuk’ e : aran wesi pulau stani
Mripate : merah delimo,
Kupinge : suling bermolo
Jenggere : emas berlian,
Jembele : sumberkomojoyo
Telek’ e : wadah roso,
Rawise : cindeh amoh
Guwayane : nejo warno,
Ulese : monco warno, tegese, pirang-pirang wernane, ono seng putih, abang, kuning, lan ireng. Jlentere,
Putih : Wetan panggonane, warnone putih, kembangane kenongo, manuk’ane kuntul, gununge kapur, segarane santen, kutone sloko, seng ngenggoni Betoro Guru, manjeng nduk ati suci.
Abang : Kidul panggonane, wernane abang, kembangane waribang, manukane ulung, gununge geni, segarane segoro gete, kutone tembogo seng ngenggoni Betoro Brahmo, manjinge nduk Durgomongso.
Kuning : Kulon panggonane, kembangane kenikir, manukane kepodang, gununge welirang, segarane segoro madu, kutone kuningan, seng ngenggoni Baroto Komojoyo, manjinge nduk kebraen.
Ireng : Elor panggonane, kembange mentheleng, manuk’ane gagak, gununge areng, segarane nilo, kutone wesi, seng ngenggoni Batoro Wisnu manjeng nduk jaman pelanggengan.
Niku wau tegese ules moncowarno, lha petek jago kulo niki nggeh
Suwiwine : Belah jagat,
Sikile : Songgo bumi
Jalune : Sipat jentek gumolo netro,
Cakare : Sapu jagat
Buntute : Tebu sak uyun sineret, koyok tebu diapet kluwung
Kukune : Lempuyang aking
Pakane : Sego putih, iwak ati, jangan kluweh. Tegese ati suci, supoyo luweh sandang pangane
Ombenane: Banyu kawah Condrodimuko, jenenge banyu Durgo pangongso-ongso, seng ngombeni dulur papat limo panjer. Papat tegese kiblat , etan, kidul, elor, lan kulon. Panjer tegese ati madep nang gusti Alloh kang ario jagat.
Pangkringane : Kajeng krudo mandero
Peturone : Dalem adi gondo, bantal piwulang, kemul pitutur
Kurungane : Lahir lan bathin
Mudune : Nduk jengkar guling, kursi gading, artine sak jerone gerden, dodo siji tinawonan,
Turune : nduk jero bakupon seng isi putri kewudanan, sang putro nibo pangkon.
Kluruk’e : Wayah jam 8 isuk, metu nduk pengayomane Sidodadi, ngadep nang bapak Naib, di apit poro priyayi, laras karo agomone.
Isi wetenge : Ono telung macem, yoiku beras, endog, lan emas
Beras : iber-iber ojo nganti was-was
Endog : supoyo ero purwo dadare
Emas : supoyo ero purwo lelere
Telene : Isi rojo brono, yoiku emas, peces, tigan lantahan, mbah blowo, isi tumbar lan mrico, tegese: kemantene gak bakal diumbar, tapi diloloh.
A : Ooo…ngoten ta condrone jago sampean seng jenenge Sawong Seto Wono iku, lanek ngoten kulo jaluk’e petek sampean.
(Darmo julek ngrudo pekso pitek jago seng digowo Pak Slamet. Semunu ugo Pak Slamet gak ngolehi. Akibate wong loro iku tanding adu kesakten. Ibarate ngamok dikembari, jaluk disembadani, suwene-suwe Pak Slamet ngalah)
B : Nggehpun, petek jago niki kulo paringaken sampean. Tapi enten syarate, kudu ditebus nganggo duwek seng jumlahe Sathak Sejampel Suku Slawe.
A : Nopo jabarane Sathak Sejampel Suku Slawe niku?
B : Jumlah niku lek kulo jupuk 12, manggone nduk tahun, mergo setahun 12 wulan
Nek kulo jupuk 30, mangone nduk ulan
Nek kulo jupuk 7, mangone nduk dino
Nek kulo jupuk 3, mangone nduk kemanten, yoiku 1. kemanten lanang, 2. kemanten wedok, 3. waline
A : Sampean teko Suroloyo Adi Linuweh diterno sopo? Kok pateng gembruduk?
B : Seng gembruduk wonten mburi kulo niku pangiring saking suroloyo adi linuweh
A : Mbeto nopo mawon?
B : Mbeto tumbak, kanggo babat dalan, ugo nggowo barang akeh, seng arane misro misri. Misro tegese barang seng digowo bali moleh. Misri tegese barang seng jange ditinggal. Koyoto : dom, bolah, jambe, suruh, sekar bao
Dom : supoyo landepo pikirane
Bolah : supoyo netepi ular-ular kuno
Jambe suruh sekar bao : supoyo weroh sekar banjare nini kemanten lan kaki kemanten
Sak liyane nggowo tumbak yo gowo Jodang seng digawe teko kayu Joli Jempono :
Tegese walak-wali kaki nini kemanten karone
A : Isi nopo mawon niku?
B : Sepisan isi gedang : gegeto cek ndang padang, ngajenono awake
Isi kupat karo lepet : ngluwari nadzar, udarono sengkalane, netepi agomone, cidek rejekine, adoh blaine
Isi kendi : miningko wong tuwo : nang endiae kacandak, kecangkeng, tur seng nyekseni lan seng mundhi-mundhi.
Isi enten klopo gandet : ojo ngapek opo-opone wong tuwo
Wet : kudu diopeni, diawet-awet
Bokor kuningan : ojo sampek nglokor, kudu diuning-uning
Pereng : minongko lantaran,
Cengker : nyancang pikir, utowo kencenge pikir
Angguh lepek : ojo sampek klepek’an
Umpul-umpul : ngumpulno sanak keluargane, ngumpulno badane
Gawang ongkek : disawang, ojo diongkek
Sewur : nyuwurno lek bakale nduwe gawe
Irus : nerusno karep, nerusno lakone urip
Kekep : rumongso lek nduwe sikep
Ilir/tepas : disilir utowo ditepas
Kemaron : karon-karonan pokok beres
Kendel isi klopo : lek wes jendel wetenge, iku mari lapo-lapo
Cowek : asale konco terus dipek dewek
Dandang : ndang-ndang dadio ojo sampek batal
Kukusan : iso-o ngukus derajate, enak ojo lali wong tuwo, ono paribasane gak iso ngukus lek gak ono genine
Sak marine kemanten diapet kembang mayang, kembange jagung, silir-silire angin utowo telese banyu mbun seng terno langit sakben isuk, ngrontokno putik bibit nang benang sari. Sak marine iku
Paribasane: srikiti di saut walang-damare mati suwale ilang. Wedang kopi gulo remuk-an. Damare mati- amuk-amuk’an.
Kamis, 15 Juli 2010
Roro Pangkon: Bubak Kawak
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Label
A. Azis Masyhuri
A. Jabbar Hubbi
A. Muttaqin
A. Rego S. Ilalang
A. Syauqi Sumbawi
A.H. J Khuzaini
A.S Laksana
A’Syam Chandra Manthiek
Aang Fatihul Islam
Abdullah Alawi
Abdurrahman Wahid
Aditya Ardi Nugroho
Afrizal Malna
Afrizal Qosim
Agama Para Bajingan
Aguk Irawan MN
Agus Mulyadi
Agus Noor
Agus R. Sarjono
Agus Riadi
Agus Sulton
Ahmad Farid Yahya
Ahmad Fatoni
Ahmad Ikhwan Susilo
Ahmad Saifullah
Ahmad Yulden Erwin
Ahmadun Yosi Herfanda
Akhiriyati Sundari
Akhmad Fatoni
Akhmad Idris
Akhmad Sekhu
Akhmad Taufiq
Akmal Nasery Basral
Ali Rif’an
Amien Kamil
Andhi Setyo Wibowo
Andry Deblenk
Anggi Putri
Anindita S. Thayf
Anjrah Lelono Broto
Anton Wahyudi
Arie MP Tamba
Arisyntya Hidayah
Artikel
Ary Nugraheni
Asarpin
Ayu Nuzul
Balada
Beni Setia
Benny Benke
Berita
Binhad Nurrohmat
Budaya
Bung Tomo
Bustanul Arifin
Catatan
Catullus
Cerbung
Cerkak
Cerpen
Chamim Kohari
Choirul
Cucuk Espe
Dami N. Toda
Daru Pamungkas
Denny JA
Denny Mizhar
Devi M. Lestari
Dhenok Kristianti
Dian DJ
Dian Sukarno
Didin Tulus
Dinas Perpustakaan Daerah Lamongan
Djoko Saryono
Dody Yan Masfa
Donny Darmawan
Dwi Klik Santosa
Dwi Pranoto
Eka Kurniawan
Eko Darmoko
Eko Permadi
Emha Ainun Nadjib
Endah Wahyuningsih
Esai
Esti Nuryani Kasam
Eva Dwi Kurniawan
Evan Gunanzar
Fahrudin Nasrulloh
Fairuzul Mumtaz
Fajar Alayubi
Fanani Rahman
Farah Noersativa
Fatah Anshori
Fatah Yasin Noor
Fathoni Mahsun
Fathurrahman Karyadi
Fathurrochman Karyadi
Fathurrozak
Felix K. Nesi
Forum Sastra Jombang
Galuh Tulus Utama
Gandis Uka
Geguritan
Gol A Gong
Gombloh (1948 – 1988)
Grathia Pitaloka
Gus Noy
Gusti Eka
Hadi Napster
Hadi Sutarno
Halim HD
Hamka
Hamzah Tualeka Zn
Hardy Hermawan
Hasnan Bachtiar
Hawe Setiawan
Hilmi Abedillah
Hudan Hidayat
Husnul Khotimah
Ignas Kleden
Imam Nawawi
Imamuddin SA
Iman Budhi Santosa
Imas Senopati
Indria Pamuhapsari
Irwan J Kurniawan
Isbedy Stiawan Z.S.
J Anto
Jamal Ma’mur Asmani
John H. McGlynn
Jombangan
Junaedi
Kalis Mardiasih
Kardono Setyorakhmadi
Kasnadi
Kemah Budaya Panturan (KBP)
KetemuBuku Jombang
Ki Ompong Sudarsono
Kiki Mikail
Komplek Gor Kamantren Paciran Lamongan
Kritik Sastra
Kurniawan Junaedhie
Latief Noor Rochmans
Liestyo Ambarwati Khohar
M Rizqi Azmi
M. Aan Mansyur
M. Abror Rosyidin
M. Badrus Alwi
M. Lutfi
M. Shoim Anwar
Mahendra Cipta
Mahmud Jauhari Ali
Mahwi Air Tawar
Malkan Junaidi
Maman S. Mahayana
Mangun Kuncoro
Mardi Luhung
Mardiansyah Triraharjo
Marhalim Zaini
Maria Magdalena Bhoernomo
Marjohan
Massayu
Melani Budianta
Membongkar Mitos Kesusastraan Indonesia
Memoar
Mh Zaelani Tammaka
Miftachur Rozak
Muhamad Taslim Dalma
Muhammad Al-Mubassyir
Muhammad Antakusuma
Muhammad Muhibbuddin
Muhammad Yasir
Mukadi
Mukani
Munawir Aziz
Musfeptial Musa
Nawa Tunggal
Nawangsari
Niduparas Erlang
Nikita Mirzani
Nu’man ‘Zeus’ Anggara
Nur Chasanah
Nurel Javissyarqi
Ocehan
Oei Hiem Hwie
Oka Rusmini
Opini
Padhang Mbulan
Paguyuban Ludruk Karya Budaya Mojokerto
Parimono V / 40 Plandi Jombang
Pramoedya Ananta Toer
Presiden Gus Dur
Prosa
Puisi
Purwanto
Putu Wijaya
R Giryadi
Raedu Basha
Rahmat Sularso Nh
Rakai Lukman
Rama Prambudhi Dikimara
Ramadhan Al-yafi
Rasanrasan Boengaketji
Raudlotul Immaroh
Reiny Dwinanda
Resensi
Reyhan Arif Pambudi
Ribut Wijoto
Robin Al Kautsar
Rodli TL
Rony Agustinus
Rudi Haryatno
Rumah Budaya Pantura (RBP)
S. Arimba
S. Jai
S.W. Teofani
Sabrank Suparno
Sajak
Salamet Wahedi
Samsudin Adlawi
Sasti Gotama
Saut Situmorang
SelaSAstra Boenga Ketjil
Selendang Sulaiman
Shiny.ane el’poesya
Sholihul Huda
Sigit Susanto
Silka Yuanti Draditaswari
Siti Sa'adah
Sitok Srengenge
Siwi Dwi Saputro
Soesilo Toer
Sofyan RH. Zaid
Sosiawan Leak
Sugito Ha Es
Suharsono
Sunlie Thomas Alexander
Sunu Wasono
Sutardji Calzoum Bachri
Sutejo
Syamsudin Walad
T Agus Khaidir
Taufik Ikram Jamil
Taufiq Ismail
Taufiq Wr. Hidayat
Teater Eska
Teguh Winarsho AS
Temu Penyair Timur Jawa
Tri Wahyu Utami
Ulfatul Muhsinah (Oshin)
Umar Fauzi Ballah
Universitas Jember
Virdika Rizky Utama
Vyan Tashwirul Afkar
W.S. Rendra
Warung Boengaketjil
Wawan Eko Yulianto
Wawancara
Wayan Jengki Sunarta
Wong Wing King
Yanuar Yachya
Yudhistira Massardi
Yusuf Suharto
Zainuddin Sugendal
Zamakhsyari Abrar
Di mojosari orang biasa menyebut mbesakno loro pangkon. Berarti mojosari mengekor dari budaya lain
BalasHapus