Sabrank Suparno
Dek! Wong Ayu seng dadi pepujaning atiku
Opo sampean jek eleng nalikane riyoyo Capgomek karo Micingan
Udan nrecek ket isuk, langite peteng ndedet. Kandele mendung
nyengetno birune langit nduk irenge angkoso. Semunu ugo
srengngenge isin nyawang dino, ojok kok maneh raine, angete-ae
gak gelem ngeter-no.
Dek! abot aboti kapingin methuk-i awakmu, udan, gerimis gak
tak gatekno. Nang prapatan Rengen Contong kunu sakben sloso kliwon
awakdewe ketemu. Mlakuku koyok iline banyu. Walehku ilang,
koyok ilange srengenge. Karepku gembrojok bareng mudune banyu udan
Dek ! sak piro se adoe nJombang munggue awakku. Gak sepiro pokok-e iso
nyawang netramu, ngrungok-no guyumu, ngrasakno jiwitamu. Lak jek adoh-adoe
Pangklungan-Pojok Klitik ta. Utowo Mojoagung-Bandar Kedung Mulyo, opomane lek mung Gunung Pucangan-Ngoro- Badang. Ejek cidek atiku karo atimu.
Ancene tresno iku ndadekno ndunyo iki mek sak godong kelor…..
Ancene asmoro iku ndadekno bumi iki cilik mek sak bundere mrico
Kadang aku curigo karo udan Dek! Mesti guyang dalanku, naliko aku budal mbanyoni tanduran tresnoku, aku yo curigo marang gremes seng mesti nelesi rambut lan klambiku naliko aku budal nyirami cukul lan semine tresnomu. Aku yo curigo karo mendung, meneng-meneng nyiapi banyu gawe mrajak’e kembang lan panene tresnoku.
Dek! Jan-jane sampean iku dudu wong wedok. Mergo blegermu teko pucuk-e rambut sampek pucuk-e kuku, iku kedaden soko igo wekasku seng kiwo. Sampean iku yo aku iki, Cuma mendho-mendho dadi awakmu. Mulo dek, ngadek nduk ngarepku, koyok aku ngdek ndok ngarepe koco. Aku gak ndelok awakmu, nanging nyawang awakku dewe. Nglarani awakmu podo karo nglarani awakku dewe. Semunu ugo nresnani awakmu podo karo nresnani awakku dewe.
Dek ! koyok-koyok saben Capgomek karo Micingan, langit semayan karo bumi lek bakale ngadakno pesta udan sedino muput. Kebyugane banyu udan ndrewes ngusapi wedak pupurmu. Kloncom nelesi rambutmu. Wiih……tanpo wedak seng mbok poles nduk praupanmu, ayumu tambah ketok asline. Suthupe mripatmu, jeglonge pacek nduk pipimu, nyatise janggutmu, aku kesengsem karo semurune kulitmu.
Tapi Dek ! gak mergo ayumu aku seneng awakmu, tapi mergo sampean solikha. Lek wong ayu ngunu akeh tungale, wong ayu bakal nglakoni opoae gae nutupi ayune. Tapi lek wong solekha mesti apik kelakoane.
Dek, lek sampean meneng, atiku sumpek, mestine sampean ngomong nang aku, lek aku salah, salahku opo, aku cek gak iwuh dek dadi wong lanang, gak enak dek di sawang tonggo, kok sawangane gak iso mimpin wong wedok. Dek! lek cahyane suryo madangi dino iki, iku duduk panas seng kesentrong dino iki. Nanging cahyo iki wes kepanjer mayuto-yuto tahun kepungkur, kaet tumeko sak iki. Semunu ngo sampean lan aku, jejodoan iki wes katitah nalikane ono ing alam suroloyo kepungkur. Ake-e ma-ewu ewe lembar godong rengen iki, tansah ngenteni kapan ndewe mesti ketemu. Semunu ugo ngadek lan jejeg-e wet rengen iku, minongko piwulang kuwat jejeg lan tresno sampean karo aku.
Bojo iku duduk buruh utowo budak seng kudu tak kongkon sak karepe atiku. Nanging bojo iku konco, seng mesti tak ajak rundingan ngadepi opo ae.
Dek. Gak pethuk awakmu sedino rasane koyok patung ketigo gak pethuk seminggu rasane koyok sewindu. Kamongko limang rendeng kepungkur sampean pamit marang aku, lek bakal oleh beasiswa nang Boenes Eries Argentina. Gak trimo udan seng deres, banyu motomu yo mbrebes mili. Suworomu serak, tangismu mbesesek. Sesek ambekanku saking rapete rangkulanmu. Sirahmu kok templekno nduk dodoku, koyok-koyok ngrogoh jantung atiku, gegayut kapercayanku sak suwene ngenteni awakmu. Rengen Contong melu nangis. Banyu elue dredes pating tumetes. Kulite kayu yo koco-koco. Kahanan seng koyo ngunu iku, ndadekno sumedot rasane atiku. Seblak-seblak dek
Nanging dikapakno ae aku iki wong lanang. Kudu iso njembarno dodoku, madhangno mulek-mulek’e atimu. Dek westa, ayo janji minongko dadi gandolane ati. Sak liayane janji iki di sakseni udan gerimis karo blegere Rengen Contong. Yo ayo di bundeli nduk pojok ane klambi. Kanggoku Dek, ora ono sembodo-ku dadi wong lanang lek aku gak iso ndukung cita-citamu. Mung cekelen weling-ku iki. Senajan arep nduk monco negoro ojolali lek awakmu iku Wong Jowo. Tengerane Wong Jowo iku wong seng iso lungguh silo. Jalaran silo iku ndadekno wong jowo nduwe wibowo. Diwedheni tur di sungkani. Lek wong monco Dek! gak iso silo, yo gak duwe wibowo. Empakno toto kromomu nduk negorone wong liyo, iku minongko tepo seliro, tepo = tepak, sliro = awak. Arep opoae seng sakmestine, ojo ngleset, yo ojo metingkrang.
Dek…! Lagu Teluk Bayur, Tawang Mangu, mesti tak rungokno sak ben aku kangen sampean. Klambi goyor sleret kluwung sing tak tukokno opo jek ono? Jaman semono regane sak sen, telung ece rong ketip, telung kelip. Lha klambine seng batik Inggris biyen regane seringgit punjul sak sen.
Dek…! Limang tahun suwene aku ngenteni, ah tapi gak opo-opolah. Limang tahun iku duduk waktu seng suweh. Gak sumbut lek bandheng karo urip seng bakal awak dewe lakoni. Toh seng bakal awak dewe lakoni sak umur umur. Kangenku iso ditambani karo tekane suratmu. Sakben kawat, kawat kuningan, sak-kilo regane setali. Sakben surat, surat kiriman, lek tak woco bribes mili.
Lek wong wedhok akeh tunggale. Nanging kenangane urip naliko runcang-runcang karo sampean, perlu sak umur uripku kanggo nglalekno. Ora mung aku seng ngenteni tekomu nggowo trisanmu soko monco negoro. Tapi Rengen Contong iku bakal ngadek selawase nagih janjimu.
Kapan boyo sampean mulih, tak golekno dino becik. Wong tuwoku tak kongkon nang omah sampean, njaluk nglamar sapean, senajan mung nggowo kain sak suwek, gedhang sak sopet.
Wektu iku jange, driji kiwomu bakal tak tengeri ali-ali. Nanging dudu ali-ali emas gawenan toko. Tapi igo wekasku seng kiwo, tak cuklek, tak plungkerno bunder, minongko bundere tresnoku, bundere kepinginanku orep bebrayan karo sliramu.
Mongko jogo-en igo wekasku iki sampek tumekane pati.
Umpomo awak ndewe ngerti, sakjane anak-e dewe iki wes gak betah nduk alam ruh. Dewek-e mbengok-mbengok, njerit-njerit gak krasan manggon nduk Suroloyo. Kepingin ndang cepet mudun nemoni awak ndewe. Ngajak guyon, dulinan, lan tetangisan karo ndewe. Kamongko syarat kuncine mudune anak ndewe iku ono rong macem. Sepisan lek wes ono gong giro minongko, tanggapane ludruk seng nggawe lakon crito layang seto-layang kumitir seng bakal ngramekno tondo ketemune aku karo sampean nduk kuwade. Gong karawitan iku yo nabui nalikone jejeran bubak kawak seng jenenge ngudal roropangkon. Kaping pindone lek wes ono janur melengkung ngarepe omah sampean karo ngarepe omahku.
Suasono iki seng diarani suasono gambiro loko. Wong tuwone ndewe aro mung ngrabekno awak ndewe thok. Nanging nandur dulur caruk warange keluwargo. Dino iku ora ono susah, sedino muput mung krungu tembang jowo. Amorondono tirto daono. Asmoro = tresno, dono = weweh, tirto = banyu, daono = butek. Nyawijane tresno weweh banyu butek. Tembang iku koyoto ; jenang gulo, loro bronto, lan liyo-liyane. Mangkak-ne Dek, kekes tunggorono-gerdu papak parimono. Lek wes kandanono ibu-bapak tak kongkone nglamar riko.
Ora ketang, melar sak cuplik, tetel sak uter, koci-koci lan brubi, gak usah sampean suguhi sego sak bodak, pokoke lamaranku di trimo karo emak-bapak, keluargo sampean, aku wes girang-gemuyu.
Ono ing dino temantene awak ndewe, sak wernani jajan lan panganan di pikul pengiringku di wadai jodang. Mlakuku di apit kembang mayang budalku di terno pitik jago seng jenenge Sawung Seto Wono.
Kamis, 15 Juli 2010
L A Y A N G K U M I T I R
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Label
A. Azis Masyhuri
A. Jabbar Hubbi
A. Muttaqin
A. Rego S. Ilalang
A. Syauqi Sumbawi
A.H. J Khuzaini
A.S Laksana
A’Syam Chandra Manthiek
Aang Fatihul Islam
Abdullah Alawi
Abdurrahman Wahid
Aditya Ardi Nugroho
Afrizal Malna
Afrizal Qosim
Agama Para Bajingan
Aguk Irawan MN
Agus Mulyadi
Agus Noor
Agus R. Sarjono
Agus Riadi
Agus Sulton
Ahmad Farid Yahya
Ahmad Fatoni
Ahmad Ikhwan Susilo
Ahmad Saifullah
Ahmad Yulden Erwin
Ahmadun Yosi Herfanda
Akhiriyati Sundari
Akhmad Fatoni
Akhmad Idris
Akhmad Sekhu
Akhmad Taufiq
Akmal Nasery Basral
Ali Rif’an
Amien Kamil
Andhi Setyo Wibowo
Andry Deblenk
Anggi Putri
Anindita S. Thayf
Anjrah Lelono Broto
Anton Wahyudi
Arie MP Tamba
Arisyntya Hidayah
Artikel
Ary Nugraheni
Asarpin
Ayu Nuzul
Balada
Beni Setia
Benny Benke
Berita
Binhad Nurrohmat
Budaya
Bung Tomo
Bustanul Arifin
Catatan
Catullus
Cerbung
Cerkak
Cerpen
Chamim Kohari
Choirul
Cucuk Espe
Dami N. Toda
Daru Pamungkas
Denny JA
Denny Mizhar
Devi M. Lestari
Dhenok Kristianti
Dian DJ
Dian Sukarno
Didin Tulus
Dinas Perpustakaan Daerah Lamongan
Djoko Saryono
Dody Yan Masfa
Donny Darmawan
Dwi Klik Santosa
Dwi Pranoto
Eka Kurniawan
Eko Darmoko
Eko Permadi
Emha Ainun Nadjib
Endah Wahyuningsih
Esai
Esti Nuryani Kasam
Eva Dwi Kurniawan
Evan Gunanzar
Fahrudin Nasrulloh
Fairuzul Mumtaz
Fajar Alayubi
Fanani Rahman
Farah Noersativa
Fatah Anshori
Fatah Yasin Noor
Fathoni Mahsun
Fathurrahman Karyadi
Fathurrochman Karyadi
Fathurrozak
Felix K. Nesi
Forum Sastra Jombang
Galuh Tulus Utama
Gandis Uka
Geguritan
Gol A Gong
Gombloh (1948 – 1988)
Grathia Pitaloka
Gus Noy
Gusti Eka
Hadi Napster
Hadi Sutarno
Halim HD
Hamka
Hamzah Tualeka Zn
Hardy Hermawan
Hasnan Bachtiar
Hawe Setiawan
Hilmi Abedillah
Hudan Hidayat
Husnul Khotimah
Ignas Kleden
Imam Nawawi
Imamuddin SA
Iman Budhi Santosa
Imas Senopati
Indria Pamuhapsari
Irwan J Kurniawan
Isbedy Stiawan Z.S.
J Anto
Jamal Ma’mur Asmani
John H. McGlynn
Jombangan
Junaedi
Kalis Mardiasih
Kardono Setyorakhmadi
Kasnadi
Kemah Budaya Panturan (KBP)
KetemuBuku Jombang
Ki Ompong Sudarsono
Kiki Mikail
Komplek Gor Kamantren Paciran Lamongan
Kritik Sastra
Kurniawan Junaedhie
Latief Noor Rochmans
Liestyo Ambarwati Khohar
M Rizqi Azmi
M. Aan Mansyur
M. Abror Rosyidin
M. Badrus Alwi
M. Lutfi
M. Shoim Anwar
Mahendra Cipta
Mahmud Jauhari Ali
Mahwi Air Tawar
Malkan Junaidi
Maman S. Mahayana
Mangun Kuncoro
Mardi Luhung
Mardiansyah Triraharjo
Marhalim Zaini
Maria Magdalena Bhoernomo
Marjohan
Massayu
Melani Budianta
Membongkar Mitos Kesusastraan Indonesia
Memoar
Mh Zaelani Tammaka
Miftachur Rozak
Muhamad Taslim Dalma
Muhammad Al-Mubassyir
Muhammad Antakusuma
Muhammad Muhibbuddin
Muhammad Yasir
Mukadi
Mukani
Munawir Aziz
Musfeptial Musa
Nawa Tunggal
Nawangsari
Niduparas Erlang
Nikita Mirzani
Nu’man ‘Zeus’ Anggara
Nur Chasanah
Nurel Javissyarqi
Ocehan
Oei Hiem Hwie
Oka Rusmini
Opini
Padhang Mbulan
Paguyuban Ludruk Karya Budaya Mojokerto
Parimono V / 40 Plandi Jombang
Pramoedya Ananta Toer
Presiden Gus Dur
Prosa
Puisi
Purwanto
Putu Wijaya
R Giryadi
Raedu Basha
Rahmat Sularso Nh
Rakai Lukman
Rama Prambudhi Dikimara
Ramadhan Al-yafi
Rasanrasan Boengaketji
Raudlotul Immaroh
Reiny Dwinanda
Resensi
Reyhan Arif Pambudi
Ribut Wijoto
Robin Al Kautsar
Rodli TL
Rony Agustinus
Rudi Haryatno
Rumah Budaya Pantura (RBP)
S. Arimba
S. Jai
S.W. Teofani
Sabrank Suparno
Sajak
Salamet Wahedi
Samsudin Adlawi
Sasti Gotama
Saut Situmorang
SelaSAstra Boenga Ketjil
Selendang Sulaiman
Shiny.ane el’poesya
Sholihul Huda
Sigit Susanto
Silka Yuanti Draditaswari
Siti Sa'adah
Sitok Srengenge
Siwi Dwi Saputro
Soesilo Toer
Sofyan RH. Zaid
Sosiawan Leak
Sugito Ha Es
Suharsono
Sunlie Thomas Alexander
Sunu Wasono
Sutardji Calzoum Bachri
Sutejo
Syamsudin Walad
T Agus Khaidir
Taufik Ikram Jamil
Taufiq Ismail
Taufiq Wr. Hidayat
Teater Eska
Teguh Winarsho AS
Temu Penyair Timur Jawa
Tri Wahyu Utami
Ulfatul Muhsinah (Oshin)
Umar Fauzi Ballah
Universitas Jember
Virdika Rizky Utama
Vyan Tashwirul Afkar
W.S. Rendra
Warung Boengaketjil
Wawan Eko Yulianto
Wawancara
Wayan Jengki Sunarta
Wong Wing King
Yanuar Yachya
Yudhistira Massardi
Yusuf Suharto
Zainuddin Sugendal
Zamakhsyari Abrar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar