Sabrank Suparno*
Emboh yok opo nalare, ora ono udan, ora ono angin, bledek koyok nyamber-nyamber ndukure omah. Padahal titimongso ketigo. Atine Sumini koyok diremet-remet lugute galéng campur uyah. Ora koyok-koyo’o uripe. Ibarate ndunyo kate kiamat. Srengengene mudun tambah mendek nduk nduwure ndas. Wit-witan podo kobong. Lemahe marong nyemomong abang mbranang. Howo kiwo tengene Sumini kroso panas. Sak ben tleraman kedipe moto dadi koyok munclak-munclak’e mowo. Ono paribasan, panase srengenge disonggo wong akeh, tapi panase ati disonggo dewe-dewe.
Wes sepuluh tahun suwene Sumini orep bebrayan karo Cak Sriono. Gak ono duso, gak ono perkoro. Pancene atine Sumini kadang rondok tratapan lek nyawang anak wedhok loro karone. Warti seng umur 9 tahun, ambek Saripah seng umur 7 tahun. Warti lan Saripah kaet cilik uripe lewung. Emboh salah opone. Gak dirumat dino becike, ta kurang jangkep uborampene. Kok sampek ngunu kedadeane. Barang wes kadung kate diapakno. Bubur gak bakal balek dadi sego. Kadung lahir rupo menungso mosok kate dibalekno nang guo garbane emakne. Senajan ngunu, atine Sumini jek tumeko. Tegel ngadepine. Dikapakno ae seng jenenge anak iku pancet daging getene wong tuo. Asale kroso enak, moro-moro dadi anak. Onok’e anak iku pancen asale olehe gawe yo enak.
Demit opo seng ngranjingi Sumini. Kok sampek koyok ngene iki kedadeane. Ono rong wulan iki Cak Sriono jarang moleh. Roso tresno lan welas asihe marang anak bojone asat saknaliko. Ora mili maneh teko pupuk punjere dodone Cak Sriono. Opo maneh duwek koyone nyambut gawe malah gak tau mampir ngusapi gembremete telapaan tangane Sumini. Mesti ae nggarakno jatae blonjo koter keteter-teter. Tanggung jawabe Cak Sriono molai luntur. Jawabane jek ono, tapi tanggungane kabur kawusanane. Cak Sriono yo wes gak tau nggatekno. Masio koncone seng jenenge Cak Pi’i gelek nyemoni. Jarene Cak Pi’i, “lek nang Jombang mampiro Sengon/ lemah geneng akeh wedhine/ lek gak sambang kirimo ingon/ lek gak seneng opo mestine.”
Mbok menowo mari nglangkai oyote mimang. Pikirane Cak Sriono melang-melung. Sewek kawung bedah pinggire, atine lewung owah pikire. Kahanan iki kepetong sakjeke Cak Sriono riwa-riwi nang Tangkés Kali Bengawan. Tangkés seng sak ben bengi dienggoni gembrumbul poro lonte, senuk, utowo ondolan. Jalaran ondolan, rupane Cak Sriono kesebet bokong semoke. Langganan rutine Cak Sriono seng jenenge Sablah senajan gak ayu tapi luweh semlohe tinimbang Sumini. Mesti ae irunge Cak Sriono seng pancene nyonyo két bujang mekrok maneh. Mblenger disuguhi lodeh, rupane Cak Sriono kepingin ngrasakno liyane. Ono seng rawon, soto, gule, lan kare. “Sri Sri, biyen ketok opo, sak iki ketok opo. Biyen seneng, sak iki ngendeng. Lek niate njajan nang warung, bungkuse buwak’en ae. Ojo digowo moleh. Lek mari mangan ajange balekno,” kandane Cak Pi’i.. Mutung cendek alias negesnoe Cak Pi’i nambahi, “Mosok uwong kok ngenteni dikandani, gak iso ngandani awake dewe ta!”
Gak nerimakno digremengi, Cak Sriono mulai mbukak cangkeme, ngobah ilate, “I, P’i, aku nduk omah iku gak tau digatekno. Mangan ta gorong, mole ta gak, pegel ta ora. Kathek bojoku lek tak jaluki, mesti sambatan pegel. Opo maneh rasane seje, turu lek ambek bojo iku rasane koyok ambek dulur dewe.” Senajan salah, rupane Cak Sriono tetep nduwe alasan mbelo awake dewe. Sepur ono stasiune, tapi omongane Cak Sriono nyecret koyok maling kuyuan. Luweh mandes maneh nduk pungkasane omongan. Mari ngomongno iku ketoke Cak Sriono lego. Omongane nggenah karo tolah-toleh lan dipungkasi ngguyu njekakak, “Lek ambek Sablah iku I, iso digawe model sembarang kalér. Lek Sumini, gak gelem.” Sawangane ndlolat-ndlolet, gak disongko Cak Sriono tibak’e doyan nggawe model. Cak Pi’i godek-godek. Tlapakane nebas dodo. Batine Cak Pi’i, bojo mosok digladrah. Gak wurungo lek bejat yo repot ndandakno. “Kebone tonggo iku mesti ketok luweh mrajak, timbang kebone dewe. Engkok lek wes nduk kebone tonggo, ganti kebone dewe mau seng ketok luweh ijo. Orep iku sawang sinawang. Podo karo klantheng iku, lho. Masio abang, ijo, kuning, rasane podo ae. Seng gulo e akeh bedho legine,” jlentreh Cak Pi’i.
Soyo suwe Cak Sriono soyo raket karo Sablah. Pancen tresno nggarakno kelet. Sablah gelek diendang-endeng liwat ngarepe Sumini. Nang endi ae Sablah kecandak kecangkeng. Malah kabare wes rong minggu iki Cak Sriono kawin siri karo Sablah.
Cak Sriono ngguya-ngguyu, cengengas-cengenges. Gak mek Sablah thok seng ditunggangi, tapi sepeda montore seng anyar yo ditumpak’i. Masalah nyicil kriditan sing ben wulan dipikir mburi. Jare panas-panase srengenge, tapi mbulane luweh panas mergo duwek anakan diterjang ae.
Asal-usule Cak Sriono cuma langganan biasa munggu e Sablah. Gak bedo langganan liyane. Seng duwike muprul ambek Sablah, digoyang diluk, rontok sak suwal-suwale. Goyangan seng ampang tanpo asmoro. Carane Sablah ngladeni pelanggan nganggo rumus: ono duwek ono rupo. Dikiro lek Cak Sriono duwike gamo, gak rugi lek Sablah sak ben wulan nganyarno jopomontro, supoyo Cak Sriono gak ocol nang wong wedhok liyo. Opo maneh lek mek mbéngungno pikirane Cak Sriono, Sablah karek ngucut kartu lentrek, diumet-umetno, didingkek sak njerone kecuk kenci lan babi.
Sablah kaet cilik uripe soro. Isuk sarapan, gorong mesti sore kemplokan sego. Mulane ora maidho. Sak jege ero rasane golek duwek dadi begenggek, Sablah gak kepalang tanggung. Gemrengseng kebutuhane. Umep munclak-munclak nduk mbun-mbunane. Ilate lemes gae nglumpuhno kolomongso. Lhawong lambe seng nisor ae gak iso njogo, opo maneh lambe seng nduwur. Kecepét nasib beketut tahun ndadekno Sablah gibras-gibras. Ojo sampek orep nduk ndunyo pisan iki, kepinginane gak keturutan. Tonggo iso tuku opo ae, munggu e Sablah kudu iso ngembari. Jalaran soko ngunu iku, Sablah jungkir-walik ngedol awake. Cak Sriono karo poro langganane mesti diperes dompete.
Roto-roto seng kenal Sablah akeh kepincute. Ngulese omongan alus koyok jolosutro. Sak ben korbane dicekoki ulekan bobok telung perkoro. Sepisan, dukune dimaekno. Kaping pindo lentrek diumetno. Lha terahire, awake yo disingsetno. Sasate sakbendino, Sablah ngracik ramuan terus diulek lembut. Ono seng rupo gambir, suruh bodeh, lan godong luntas, supoyo langanane bah sugih bah mlarat terus awe-awe. Kembang suruh nguwohe keneki mbuh gak ero, seng penting pokok e tuntas. Lha mergo bobok’e Sablah iki, wong koyok Cak Sriono, congkrah rumah tanggane.
----
Sabrank Suparno, penulis cerpen, cerkak, esai, dan puisi. Bergiat pula di Lincak Sastra Dowong. Beralamat di Dusun Dowong. Desa Plosokerep, Kecamatan Sumobito, Kabupaten Jombang. Email; sabrank_bre@yahoo.com
Hp: 081-359-913-627
Kamis, 15 Juli 2010
Bobok Suruh Bodeh
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Label
A. Azis Masyhuri
A. Jabbar Hubbi
A. Muttaqin
A. Rego S. Ilalang
A. Syauqi Sumbawi
A.H. J Khuzaini
A.S Laksana
A’Syam Chandra Manthiek
Aang Fatihul Islam
Abdullah Alawi
Abdurrahman Wahid
Aditya Ardi Nugroho
Afrizal Malna
Afrizal Qosim
Agama Para Bajingan
Aguk Irawan MN
Agus Mulyadi
Agus Noor
Agus R. Sarjono
Agus Riadi
Agus Sulton
Ahmad Farid Yahya
Ahmad Fatoni
Ahmad Ikhwan Susilo
Ahmad Saifullah
Ahmad Yulden Erwin
Ahmadun Yosi Herfanda
Akhiriyati Sundari
Akhmad Fatoni
Akhmad Idris
Akhmad Sekhu
Akhmad Taufiq
Akmal Nasery Basral
Ali Rif’an
Amien Kamil
Andhi Setyo Wibowo
Andry Deblenk
Anggi Putri
Anindita S. Thayf
Anjrah Lelono Broto
Anton Wahyudi
Arie MP Tamba
Arisyntya Hidayah
Artikel
Ary Nugraheni
Asarpin
Ayu Nuzul
Balada
Beni Setia
Benny Benke
Berita
Binhad Nurrohmat
Budaya
Bung Tomo
Bustanul Arifin
Catatan
Catullus
Cerbung
Cerkak
Cerpen
Chamim Kohari
Choirul
Cucuk Espe
Dami N. Toda
Daru Pamungkas
Denny JA
Denny Mizhar
Devi M. Lestari
Dhenok Kristianti
Dian DJ
Dian Sukarno
Didin Tulus
Dinas Perpustakaan Daerah Lamongan
Djoko Saryono
Dody Yan Masfa
Donny Darmawan
Dwi Klik Santosa
Dwi Pranoto
Eka Kurniawan
Eko Darmoko
Eko Permadi
Emha Ainun Nadjib
Endah Wahyuningsih
Esai
Esti Nuryani Kasam
Eva Dwi Kurniawan
Evan Gunanzar
Fahrudin Nasrulloh
Fairuzul Mumtaz
Fajar Alayubi
Fanani Rahman
Farah Noersativa
Fatah Anshori
Fatah Yasin Noor
Fathoni Mahsun
Fathurrahman Karyadi
Fathurrochman Karyadi
Fathurrozak
Felix K. Nesi
Forum Sastra Jombang
Galuh Tulus Utama
Gandis Uka
Geguritan
Gol A Gong
Gombloh (1948 – 1988)
Grathia Pitaloka
Gus Noy
Gusti Eka
Hadi Napster
Hadi Sutarno
Halim HD
Hamka
Hamzah Tualeka Zn
Hardy Hermawan
Hasnan Bachtiar
Hawe Setiawan
Hilmi Abedillah
Hudan Hidayat
Husnul Khotimah
Ignas Kleden
Imam Nawawi
Imamuddin SA
Iman Budhi Santosa
Imas Senopati
Indria Pamuhapsari
Irwan J Kurniawan
Isbedy Stiawan Z.S.
J Anto
Jamal Ma’mur Asmani
John H. McGlynn
Jombangan
Junaedi
Kalis Mardiasih
Kardono Setyorakhmadi
Kasnadi
Kemah Budaya Panturan (KBP)
KetemuBuku Jombang
Ki Ompong Sudarsono
Kiki Mikail
Komplek Gor Kamantren Paciran Lamongan
Kritik Sastra
Kurniawan Junaedhie
Latief Noor Rochmans
Liestyo Ambarwati Khohar
M Rizqi Azmi
M. Aan Mansyur
M. Abror Rosyidin
M. Badrus Alwi
M. Lutfi
M. Shoim Anwar
Mahendra Cipta
Mahmud Jauhari Ali
Mahwi Air Tawar
Malkan Junaidi
Maman S. Mahayana
Mangun Kuncoro
Mardi Luhung
Mardiansyah Triraharjo
Marhalim Zaini
Maria Magdalena Bhoernomo
Marjohan
Massayu
Melani Budianta
Membongkar Mitos Kesusastraan Indonesia
Memoar
Mh Zaelani Tammaka
Miftachur Rozak
Muhamad Taslim Dalma
Muhammad Al-Mubassyir
Muhammad Antakusuma
Muhammad Muhibbuddin
Muhammad Yasir
Mukadi
Mukani
Munawir Aziz
Musfeptial Musa
Nawa Tunggal
Nawangsari
Niduparas Erlang
Nikita Mirzani
Nu’man ‘Zeus’ Anggara
Nur Chasanah
Nurel Javissyarqi
Ocehan
Oei Hiem Hwie
Oka Rusmini
Opini
Padhang Mbulan
Paguyuban Ludruk Karya Budaya Mojokerto
Parimono V / 40 Plandi Jombang
Pramoedya Ananta Toer
Presiden Gus Dur
Prosa
Puisi
Purwanto
Putu Wijaya
R Giryadi
Raedu Basha
Rahmat Sularso Nh
Rakai Lukman
Rama Prambudhi Dikimara
Ramadhan Al-yafi
Rasanrasan Boengaketji
Raudlotul Immaroh
Reiny Dwinanda
Resensi
Reyhan Arif Pambudi
Ribut Wijoto
Robin Al Kautsar
Rodli TL
Rony Agustinus
Rudi Haryatno
Rumah Budaya Pantura (RBP)
S. Arimba
S. Jai
S.W. Teofani
Sabrank Suparno
Sajak
Salamet Wahedi
Samsudin Adlawi
Sasti Gotama
Saut Situmorang
SelaSAstra Boenga Ketjil
Selendang Sulaiman
Shiny.ane el’poesya
Sholihul Huda
Sigit Susanto
Silka Yuanti Draditaswari
Siti Sa'adah
Sitok Srengenge
Siwi Dwi Saputro
Soesilo Toer
Sofyan RH. Zaid
Sosiawan Leak
Sugito Ha Es
Suharsono
Sunlie Thomas Alexander
Sunu Wasono
Sutardji Calzoum Bachri
Sutejo
Syamsudin Walad
T Agus Khaidir
Taufik Ikram Jamil
Taufiq Ismail
Taufiq Wr. Hidayat
Teater Eska
Teguh Winarsho AS
Temu Penyair Timur Jawa
Tri Wahyu Utami
Ulfatul Muhsinah (Oshin)
Umar Fauzi Ballah
Universitas Jember
Virdika Rizky Utama
Vyan Tashwirul Afkar
W.S. Rendra
Warung Boengaketjil
Wawan Eko Yulianto
Wawancara
Wayan Jengki Sunarta
Wong Wing King
Yanuar Yachya
Yudhistira Massardi
Yusuf Suharto
Zainuddin Sugendal
Zamakhsyari Abrar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar