Sabrank Suparno
Ket isuk srengengene benter. Manjer jejer ndukure endas. Awan iku ayang-ayangan jek tas mengsret ngetan. Tondone mancek wayah sore. Panase gak mek panas biasa. Duduk-duduk sumere. Ujuk-ujuk mendunge peteng ndendet, angine gebes. Biasane lek mari panas benter langsung mendung, iso kedaden tekone ulur-ulur. Yoiku angin seng mumet teko ndukur langit karo nggowo mendung. Lek disawang teko adoan ketok nglacir koyok panceng. Ulur-ulur iku iso gantol omah, jebol barongan, lan ngrubuhno opoae. Sak liyane ulur-ulur ugo iso onok e bledek seng nylamber-nylamber gak karu-karuan.
Gak lidok. Ndilalah kersane Allah. Gorong gareng lambe ngrasani, bledek e teko. Kilate pateng pengkilat. Cumleret nduk langit, nyigar mendung. Lhap..derr, lhap..derr. malah ono seng bareng ulape kilat karo bareng mbledose.
Wong-wong seng jek nduk sawah gopoh kabeh. Seng sak durung tekul macul, gagian jenggirat melayu moleh. Kabeh podo semburat dewe-dewe. Bareng mlayune wong, kilat lan gluduke yo nguber. Atine wong wong ilang separuh. Kringete gobyos, malah ono seng kepoyoh. Kilat lan gluduke soyo uber-uberan. Gak ono maneh panggonan gawe singitan. Kilat lan gluduk wes ngepung wong-wong. Masio gemeter gayaren, mlayune wong jek sipat kuping. Ono ugo seng tibo ndlosor jempalikan. Ono maneh seng tibo jengkelang sikile keplekang. Kabeh podo nggolek slamete dewe-dewe. Gawe ngurangi roso wedhine, kupinge ditutupi epek-epek tangane.
Durung entek gemblebere wong. Jentrek e wong koyok semut barisan nduk galengan, wite klopo seng nduk pinggire deso morop. Geni muclak-munclak ngobong tapas karo blarak. Wite siwal-siwal koyok mari dipecok i teko nisor. Rupane salah sijine bledek seng mbledos ngenek i wite klopo iku. Lek didelok siwale, tondone bledek paju. Ancene akeh maceme bledek. Sak liane bledek paju yo ono bledek geni, lan bledek pecok. Bledek geni lek kenek i, kobong koyok kesetrum listrik. Bledek pecok lek kenek i iso sigar.
Seje maneh karo Lek Drani. Kabeh podo mlayu pateng bleber, dadak dewek e mlaku. Ikuae mek limang jangka wes leren-leren. Duduk polae kendhel karo bledek. Tapi pancene sikile linu. Kadong dadi kebiasaane wong tani, senajan sikile linu tetep nyambangi sawahe. Diuber bledek, Lek Drani gak cepet mlayu, malah demek-demek. Kabeh podo kewatir, ngesakno Lek Drani seng kijenan. Soale, bledek lek nylamber mesti golek seng paling dukur. Lha nduk tangah sawah iku, seng dukur dewe yo menungso. Ono seng nyaranno, lek kijenan nduk tengah sawah, supoyo gak dislamber bledek, palang dekem utowo turu.
***
Dino iku keluargane Yu Rukaya, rombongan lungo nang kuto. Amahe kancingan. Mek kandange sapi seng lawange mbukak. Sak durunge budal lungo, sapine dipakani akeh. Polae lungone moleh sore.
Udan wes terang. Gluduk lan angine yo ilang. Kari howo adem thok seng kari tur digembol sendakepe tangane wong-wong. Najan gak rempon, tapi nduk jero omae dewedewe podo gembremeng ngomongno wet klopo seng dislamber bledek maeng. Dalan kampong sepi. Ono siji lorone wong kliwar kliwer mergo dalane jemek.
Kahanan sepi lan lemah teles iki Yu Rukaya moleh. Sedino gak diopeni, Yu Rukaya langsung nginceng sapine. Jingkat atine Yu Rukaya dilok sapine seng turu jengkelang. Turu seng duduk biasane turune sapi. Yu Rukaya saknaliko iku berok-berok. Jeritan suarane Yu Rukaya ngagetno toggo kiwo tengene. Gak suwe akeh wong moro pateng gembruduk kepingin eroh opo kedadeane. Sapine Yu Rukaya mati. Barang didelok i, ono catune koyok diencel-encel glati. Kandange gak rusak. Mek gentenge thok ono seng pecah siji. Kandang iku manggone nduk nisor wite pelem. Wet peleme yo gak opo-opo. Barang wong-wong ndangak, wet pelem iku sibel kabeh. Ono pange thok seng sempal. Ahire wong-wong podo ngerti lek sapine Yu Rukaya mati keslember bledek. Asale bledek iku nylamber wite pelem terus nemper nang sapi. Kabeh wong njelu-njelu. Opomaneh Yu Rukaya udan tetangisan. Getun mergo rojo koyone mati. Kamongko umpomo didol, regane iso digawe tuku sepeda motor.
Ancene lek kadong apes, dunyo rojobrono ilange mek saknaliko. Kamongko olehe ngaretno nganti pirang-pirang wulan.
Untungeae Yu Rukaya jek belahi selamet. Tonggo podo guneman” ala ilange dunyoae jek kenek digolek i. seng penting wonge seger waras”. Masio belahi tapi jek selamet.
Sapi iku duduk duwek e Yu Rukaya dewe. Tapi olehe maroh sapine Cino. Di-arani getun, tapi yo gak sepiro. Sakwise prei gak kerjo nang pabrik e Cino seng dadi juragane setahun kepungkur, Yu Rukaya jaluk ditukokno sapi. Urip soyo towo. Gak mungkin Yu Rukaya sak umure bakal melok Cino. Biasane Cino iku lek jek kuwat tenogone yo dikongkon kerjo, tapi lek wes tenogone sudho, dilereni. Alasane cek gak rugi. Opo maneh seng jenenge Cino Singkek, pritungane petung asu anak an, medit, mekikit pahit koyok butrowali. Istilahe wong nJombang” Cino iku taek e dipangan maneh. Wong lek ngesengea nggowo pecut, digawe nggusak urang seng kate moro mangan taek e”.
Senajan gak rugi akeh, Yu Rukaya tetep gopoh kabeh. Riwa-riwi ngalor ngedul karo cenceng-cenceng sewek e. Olehe ngaretno pirang pirang wulan bakale kepetung soyo.
Sakmarine ngandani juragane, Yu Rukaya atine lego. Jenengae belahi, Cinone yo nyadari. Poro tonggo nuli gotong royong bebarengan junjung bathange sapi saperlu dipendem nang juglangan.
***
Mari magrib, akeh tonggo seng gembruduk nang omahe Lek Drani. Takok kabare naliko ono bledek nduk sawah maeng awan. Sebagian wong ono seng njaluk sepuro lek gak iso nulungi pas bledek pateng gembleger. Mergo kabeh yo podo wedine, podo golek selamete.
Sak marine diuber-uber bledek, Lek Drani gak koyok biasae. Mlakune seng mincang-mincang, sak iki wes ilang. Mergo gopoh kabeh, kepekso mlaku sak kuwat-kuwate, sikile Lek Drani dadi waras. Teko kedadean awan maeng, Lek Drani kaet sadar, penyakit iku lek dingalemi, tambah krasan, gak ndang waras.
Lek Drani crito akeh-akeh babakan awak e karo kedadean awan maeng. Lek sakjane Lek Drani gak sepiro wedhi karo bledek. Umpomo gak mlayuo, yo ogak opo-opo. Pikiran tuwone Lek Drani ” ojo maneh ijen nduk tengah sawah. Seng jenenge bledek iku lek ancene nylamber, gak perduli papan panggonan. Lek Drani malah kudu ngguyu ndilok wong seng wedhi karo bledek, kok mek cukup nutupi kupinge. Umpomo dislamber, piro gedene menungsoae dibanding omah susun utowo wite klopo. Seng gedeae ajur mumur, opomane seng cilik.
Semunu ugo menungso yo gak oleh jobriyo. Kudune! Lek ono waoyo, ojo mlayu nganti keplekang, luweh becik mlayu nang GustiAlloh. Mergo yo mek Gusti Alloh seng iso nylametno.
Roto-roto, wong wong mlayu karo nyebut GustiAlloh. Biasa, lek wes kepepet kaet eling. Tapi lek tandurane apik tur panene oleh akeh, jarene sistem pertanian seng dianuti.
Sakjane Lek Drani kate gak mlayu. Tapi kuwatir gak pantes disawang wong. Ngunuiku mergo Lek Drani nduwe aji-aji gawe nangkes bledek. Yoiku dungo jowo seng diwulangi mbahne biyen. Rapalane iku karo Lek Drani diwulangno wong-wong seng podo nyambangi nang omahe. Unine “ semillahirrohmanirrokim,bek gerebek, duwure pitung penuwun, ingsun iki anak putune Ki Ageng lan Nyai Ageng Selo. Ojo nylamber-nylamber awakku, mundak kenek bendone Gusti Alloh lan Gusti Rosulillah, yahu ala, yahu ala, la ilaha ilolah, mukammadarrosulillah, lakhaula wala kuwata illah billah”.
Wong-wong ngrungokno wejangane Lek Ndrani disambi kecapan godokan kaspe. Saking enak e gak kroso wes meh ae entek sak kalo. Serehne soyo bengi, wong-wong podo pamitan gar siji, sak durunge dibuntel wengi.
‘Wes wayah isuk, Jagone kluruk. Rame swarane paten kemrusuk. Aduh senenge sedulur tani. Budal nang sawah podo nandur pari’.
Isuk iku wong budal nang sawah. Disambi mlaku, omonge pateng pecotot karo ndilok i wite klopo seng dislamber bledek wingi. Blarak e ketok semlomot. Soyo suweh soyo garing lan mati. Iringane wit klopo kunu ditanduri wite gedang. Supoyo lemahe kenek ditanduri maneh.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar