Sabrank Suparno
Wes sewindu suwene Ulo Sowo topo. Meneng jegegrek sendakep suku tunggal nduk ngarepe Dewo Upas. Sisik e mrotoli. Lulange mlungsungi. Wetenge kelet. Mergo sak munu suwene gak kemplok an tikus, kodok lan liyo liyane seng biasae dadi untalan. Ilate yo gatel neliko mbayangno kemremuse daging seng dicaplok lan dikelet kelet ilate seng dowo.
Ulo Sowo pancene kegolong kewan seng nriman. Mangan sepisan iso kanggo jatahe sewulan. Opo jare gede cilik e kewan seng dipangan. Senajan awake cilik, tapi kolu nguntal kewan seng gedene kapeng telu timbang awake.
Kewan seng dipangan disindem disek nduk jerone weteng. Ngenteni bosok kaet iso dicerna lan dadi wareke.
***
Wolung tahun kepungkur, Ulo Sowo klogat kloget. Rahine abang. Kupinge jepopong. Mlakune singitan. Ojo sampek kepetuk konco kancane.
Ulo Sowo rumongso isin lek kepetuk kancane seng podo sekti mondro guno. Kancane wespodo nduwe aji-aji seng jenenge upas. Yo iku wiso seng mandhi lan ampuh gawe nglumpuhno mungsoh. Ulo Sowo seng awake gede tur dowo lan welang sisike seng apik, dadi nyek-nyek an ngalor ngidol. Roto-roto kabeh podo ngelokno lek deweke gede tur glembosi. Gede dowone gak sumbut karo kasektenane.
Ono paribasane diidek mulet. Dipanasi klogat kloget. Sabar ono batese. Gak nrimakno dietrek-etrek kancane, Ulo Sowo dadi nang nekate. Dek e tangi jenggirat, jenggelek nduk tengahe latar, nduding nang langit. Ulo Sowo sumbar. Suwarane gemontang dibarengi unine bledek tanpo onoke udan.
Ulo Sowo nuli mengkes lengene. Nyenceng clonone. Nyingseti sabuke. Gedruk lemah peng telu. Mblesat miber nang angkoso.
Rupane Ulo Sowo kate neng istanae Dewo Upas. Topo broto nyecep ilmu kasekten. Ulo Sowo nduwe kekarepan mbok menowo mbesok lek ono rejane jaman, dek e, iso ngalahno kabeh kancane.
Ulo Sowo pancene kagolong kewan seng bodoh. Naliko kabeh podo sinau, Ulo Sowo enak-enak an ongkang-ongkang. Mulo gak maido lek kancane podo pinter tur ngerti, Ulo Sowo malah gela-gelo koyok kebo. Kamongko jarene mBah biyen lek nuturi anak putune, ojo sampek dadi wong bodoh. Mergo wong bodoh ngunu gampang bujuk ane.
***
Najan bodoh, Ulo Sowo nduweni karep seng kuwate gak mekakat. Munggue Ulo Sowo, sak dedel-dedele utek, lek kedrewesan wejangan sakbendino suwe-suwe yo dadi landep. Ibarate watu seng atosae lek ketetesan banyu gar sak tetes suwe-suwe yo isi jeglong, iso growak. Mulo soko iku Ulo Sowo sumbar sak jerone topone. Gak bakal mudun teko langit, gak bakal jugrug lungguh silone, gak bakal ngadek jegegrek lek gorong oleh kasekten upas seng mandhi. Kanggone Ulo Sowo, sopo nandur bakal cukul, sopo seng temenan bakal ketemu, soposeng kangelan bakal ngunduh. Semunu ugo sopo seng dlewar dlewer bakal keteter, lan sopo seng mblah-mbleh bakale seleh. Opo maneh seng jenenge ilmu katon. Gak ono seng gak iso, pokoke gelem nlateni.
Saking kepingine keturutan karepe, Ulo Sowo banjur mletet rogo, mepes sukmo. Gak ketang dino rioyo, gak ketang ulan lan tahun. Umpomo sampek jambul wanen, gagak putih, hulek-hulek semi, bosok e pendeman beling, wong cebol nggayuk lintang, wong picek ngideri jagat. Ulo Sowo tetep gak obah, gak ontek, soko topone.
***
Hinggo sawijine dino, Dewo Upas kesemsem karo gumbrigahe kekarepane Ulo Sowo. Yoiku pas dino Rebo Wage sak jerone wulan selo. Dino iku diarani dino Rebo wekasan. Dinane naliko Dewo Upas ngeduk ake upas nang alam ndunyo. Pirang-pirang akeh e upas lan pirang-pirang mandhine upas disuntek ake marang Ulo Sowo.
Saknaliko iku Ulo Sowo dadi lungit kadikdayane. Ora ono opoae seng sanggup nandingi kemandhenane upase Ulo Sowo. Deweke banjur ngudal kawedar, ngudoroso. Petetak-petetek jobriyo. Adigang adigung adiguno. Jalmo moro jalmo mati.
Ancene iyo. Saking lungite upas, ojo maneh disembur Ulo Sowo, tracake ae didilat Ulo Sowo, teko omah wonge bakal jempalikan nibo tangi tumekane pati.
Sawijine dino Ulo Sowo kepetuk karo Manuk Gagak. Yoiku manuk seng wulune ireng penggaweane ngguyu jekakak. Gak leren-leren olehe ngguyu karo klitar-kliter nduk angkoso. Manuk Gagak weroh lek Ulo Sowo iku biyen Ulo seng bodoh. Ulo Sowo banjur diajak totoan kasekten. Nanging duduk tanding adhu kanuragan. Jare Manuk Gagak” Wo Sowo, percuma olehmu topo broto beketut tahun suwene njaluk nang Dewo Upas, jebule upasmu gak mandhi. Dilok en tala! Wong seng tracak e kok dilat maeng, kolo teko omah nguyu jekakak”. Manuk Gagak mbujuki Ulo Sowo. Kamongko, wong seng tracak e didilat Ulo Sowo iku tako omah tumekane pati. Dulur lan sanak familine podo nangisi. Ngguguk e wong nangis iku dikandakno nang Ulo Sowo lek iku ngguyu jekakak. Padahal udan tangis kepatihan.
Sakjeke dadi sekti mondro guno, Ulo Sowo banjur aras-arasen tur jragani. Ogak tau gelem nlesek temenan opo seng kedaden. Penggaweane mek ngongkon wong liyo lan gak gelem mudun dewe. Perkoro sembarang kaler, opo jaro omonge wong liyo. Masio omongan iku luput, Ulo Sowo yo manut sikut.
***
Ulo Sowo banjur putus asa. Deweke rumongso lek topone disepelekno karo Dewo Upas. Deweke yo rumongso dubujuki karo Dewo Upas. Jare upase mandhi, tibake gak ono apa-apane.
Sak goblok-gobloke Ulo Sowo, jebule gak ngandel karo omongane Manuk Gagak. Ulo Sowo nuli mblarah ngubengi jagat. Digawe nguji kasektene Ulo Sowo perlu nggolek mungsuh seng kadikdayane lungit pitung cemokor. Sriwang-sriwing kabar seng kondang kaloko, yoiku kasektene Ulo Nogo. Saking sektine Ulo Nogo iku dijuluki Nogo Sakti. Manggone Ulo Nogo nduk lemah pengger wetan cedak punjere bumi sisih lor.
Nyoto karo opo seng dikondangno. Tibak e Nogo Sakti pendekar seng wes ngrajai seperwolune bumi. Sopoae gak ono seng wani. Seng nglawan Ulo Nogo, mesti kepuyuh, kepeseng, mblayu sipat kuping.
Sak suwene tlusar-telusur jajah deso milangkori, mudun gunung, munggah ereng-erenge jurang, mblusuk nang rungsepan, slurup segoro, ahire Ulo Sowo kepetuk sawijine panggonan subur gemah ripah, loh jinawi. Panggonan iku godonge wit pateng pentiyung. Wit seng urep nduk panggonan kunu jenenge ‘Kembang Sakura’. Kembange apik tur ambune wangi. Wernane pateng kemerlop. Opo maneh lek isuk. Kesentrong angete srengengeh, ambune mudal maluk-maluk. “bakul gethuk tak enteni, kepethuk tak pateni” sumbare Ulo Sowo.
Yo nduk panggonan kunu jebule diungkeri Ulo Nogo. Awake Ulo Nogo seng dowo, cukup gawe ngungkeri panggonan sakmunu ambane.
Ibarate Ulo kepetuk gepuk, iwak kutuk kepetuk sunduk, pacul kepetuk tandinge, angin kepetuk usue. Senajan panggonane nylempet koyok tumone suwal, Ulo Sowo ahire yo iso nemokno Ulo Nogo.
Jothok karo karepe, Ulo Sowo banjur nantang adhu kasekten karo Ulo Nogo. Ulo Nogo pancene lungit tanpo tandeng. Adhu kasekten loro karone diumpamakno ksatrio wibowo. Jarene Ulo Nogo” sak njalukmu tak turuti, ngamuk tak kembari”.
Mergo podo sektine, tandeng kanuragan iku nganti pitung ndino pitung mbengi. Ulo Nogo lan Ulo Sowo kuwel jempalikan. Buntute nyebet-nyebet. Buntute Ulo Nogo nyebet nang gunung jugruk, segoro asat. Semunu ugo buntute Ulo Sowo. Ahire Ulo Sowo ngadek ndedek, ndlunding nang awang-awang. Motone seng cemlorot abang, mandheng menisor. Cangkeme seng ombo ngemprosno semburan upase. Saknaliko iku Ulo Nogo lumpuh. Awake lemes gak kuwat nggalawt. Ulo Nogo ngakoni kalah. Gak mek Ulo Nogo thok seng kelangan tenogo. Tapi wit-witan, lemah, tanduran seng jenenge kembang sakura yo garing ngrengkeng.
***
Sak marine adhu kanuragan iku Ulo Sowo kaet sadar. Lek awake pancen sekti mergo upase mandhi. Olehe ngekek i Dewo upas gak baen-baen. Tokcer temenan. Ulo Sowo yo cakut ngerti lek omongane Manuk Gagak sebene iko mbujuki.
Sak marine kedadean iku Ulo Sowo rumongso getun. Lek njajal ilmu iku akibate nyengsarakno wong liyo. Ulo Sowo ipat-ipat. Ojo sampek urep nduk ndunyo pisan iki gawe gelane liyan. Dek e kepingin dadi pendekar sejatine pendekar. Yo iku sekti, tapi gak kakean polah. Gak ngolek mungsuh. Yo gak digolek i mungsuh. Najan iso tapi gak nyatoni wong liyo. Tapi Ulo Sowo malah kepingin seng paling sekti maneh. Yo iku gak iso opo-opo, dadi gak nglarani wong liyo, opmaneh dilarani wong liyo. Lawong gak iso opo-opo.
***
Ndarine mbulan ulan Sawal wes parak isuk. Tengere mancek wulan Selo. Ulo Sowo woro-woro nang poro kewan. Sopoae seng gelem teko nang nisor wite Bayem Eri, bakal didumi upas kasektene. Nanging Ulo Sowo pesen nang poro kewan, lek upas seng didumno gak oleh digawe jobriyo.
Nduk niror wite Bayem Eri kunu Ulo Sowo ngedum upase. Kabeh diwenei bagean seng gak podo miturut ongso-ongsone lan bedugale klakoan. Seng sabar lan gak kakean polah koyok Ulo Weling, oleh panduman akeh. Seng meneng gelendem koyok Ulo Luwok, oleh panduman lumayan. Ulo Kayu seng playune begidhakan, kecipratan buntute. Seng termasuk oleh titik dewe yoiku Kadal karo Bebek anggrem. Sakjane Kadal karo Bebek anggrem gak njaluk dum-duman. Nanging mergo ndilok nyidek, ahire kasabapan. Mulane Bayem Eri iku senajan cilik nek kenek i yo gatel semengkring. Mergo biyen tau digae panggonan ngedumno upas.
Kabeh kewan wes podo nduwe upas dewe-dewe. Najan gak koyok kasektene Ulo Nogo, tapi cukup gawe njogo awak e. Mari ngentekno upase, Ulo Sowo mbalik urep nduk sawah maneh perlu njogo pari cek gak dipangan tikus.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar